Subscribe

RSS Feed (xml)

Powered By

Skin Design:
Free Blogger Skins

Powered by Blogger

06 Oktober, 2008

sajak dari sahabat

Sudah lama saya nggak ketemu dengan Hardho Sayoko SPB, orang Kedunggalar-Ngawi (Jatim) itu,mungkin udah puluhan tahun. Saya nggak ingat, bulan terakhir saya ketemu dia, mungkin sekitar tahun 1999, saat di MAP dulu, saat dia membantu-bantu Las (Lazuardi Adi Sage, alm). Tampak sekarang dia lebih ganteng dan bersih dengan rambutnya yang lebih banyak putihnya ketimbang warna hitam. Di saat lebaran ini, dia mampir ke Jakarta, sowan ke beberapa teman, di antaranya ke rumah Adek Alwi, Julius Yusijaya, dan sekarang tengah terdampar di IKPN Bintaro rumahnya Salimi Ahmad. 
Waktu saya minta puisinya, dia mengaku belum siap. Sebagai gantinya, dia menyerahkan geguritan (puisi Jawa) yang dimuat di majalah Damar Jati, edisi 68, Agustus 2008.

Berikut ini saya tampilkan karyanya itu.

Hardho Sayoko SPB

 

LAYANG SAKA SABRANG

 

sliramu wis kapang ngrungokake

panguwuhe bocah angon saka gampeng

lan nyawang ijone ledhunge gegodhongan

sing pange ora isin jejogedan

saben angin kumrasak neng papringan

 

embuh wis pirang puluh tahun

dlamakan sikilmu or atau gupak endhut

ngetutake lakune kebo sing ora ngresula

ngratakake ler-leran sawah

sawise neng gapura ngipatake panggresah

ditutake wewayangan sing katut jangkah

 

sliramu kerep takon liwat sms

lan klesak-klesik swara neng tilpun selular

apa neng desa isih ana klenengan

ngiring wong beksa neng sendhang bubar panen

sawise  ngedum buceng lan ngamini donga


embuh wis pirang puluh tahun

aku lan sliramu ora nate gojeg

sawise neng gapura tak kipatake panggresah

nyawang jangkahmu sing biyen malang tumoleh

kesandhung-sandhung larikan dina

sing saiki kerep nyigar kasepan

 

(Geguritan iki nate kepacak ing Kalawarti Umum Basa Jawa Damarjati Jakarta Nomer 68, hal 31, Kemis Pahing 7 Agustus –Rebo Kliwon, 20 Agustus 2008) 

Tidak ada komentar: